Cerkak bahasa jawa
KELINGAN Dino iki gak bedo karo dino biasane, Aku nglakoni penggawean sing bendino tak lakoni yaiku bakulan koran ing embong-embong gede sing akeh di lewati pedah utawa mobil. Aku tangi saben isuk yen hawane ijek adem lan ijek peteng ndedet. nanging dino iki aku ngroso enek sing bedo karo biasane, kaya ana sing ngganjel ing pikiran. Tapi ora tak pikir jeru yen mengko malah dadi beban pikiran. Kaya biasane yen aku tangi isuk iku tak gawe sholat subuh ing masjid pinggir omah lan nyirami kembang peninggalan e ibukku ing ngarep omah. Ibukku wis ora ana amargi penyakit. Yen bapakku wis ninggalne aku ket cilik, aku di critani ibuk jerene bapak mara mara nggletak ing kebon kembang ngarep omah nanging sak durunge wong e sehat sehat ae, wong e ora ana ogak mergo penyakit, nanging gak enek sing eruh mergo opo. Dadi bapa biyung ku wis ora ana kabeh. ...