Cerkak bahasa jawa

 

KELINGAN

 

                Dino iki gak bedo karo dino biasane, Aku nglakoni penggawean sing bendino tak lakoni yaiku bakulan koran ing embong-embong gede sing akeh di lewati pedah utawa mobil. Aku tangi saben isuk yen hawane ijek adem lan ijek peteng ndedet. nanging dino iki aku ngroso enek sing bedo karo biasane, kaya ana sing ngganjel ing pikiran. Tapi ora tak pikir jeru yen mengko malah dadi beban pikiran. Kaya biasane yen aku tangi isuk iku tak gawe sholat subuh ing masjid pinggir omah lan nyirami kembang peninggalan e ibukku ing ngarep omah. Ibukku wis ora ana amargi penyakit. Yen bapakku wis ninggalne aku ket cilik, aku di critani ibuk jerene bapak mara mara nggletak ing kebon kembang ngarep omah nanging sak durunge wong e sehat sehat ae, wong e ora ana ogak mergo penyakit, nanging gak enek sing eruh mergo opo. Dadi bapa biyung ku wis ora ana kabeh.

                Kembang wis ta sirami, moro moro wis isuk ae, srengengene wis metu wis padang jingglang. Aku cepet cepet njupuk koran lan mlayu budal golek duwit. Pas metu gang omahku, ana wong gawe klambi ireng kabeh teko sirah e sampe sikil e, aku wedi yen wong kui dawa tangane. Aku mlayu sak banter banter e, ndungo ning njero ati mugo mugo ana wong liyo sing lewat. Nanging wong kui moro moro ning ngarepku, aku sing posisine wedi lan kaget moro moro ana ing ngarepku, aku tibo lan koran ku kececer ning ndi ndi. Wong kui sing tak kiro maling. Malah nulungi aku njupuk i koran koran sing kececer, sak slebetan kaya kenal wajah e wong kui nanging amargo ketutup an jaket e dadi gak pati jelas, wong e moro moro omong, “owalah Anton to, ati-ati yen mlayu, koran e maleh morat-maret.” Aku mung iso mlongo kok wong iku iso eruh jeneng ku.tapi aku garuh wong iku sopo.

                Sak tekane aku ndek embong gede, aku ketemu karo koncoku sing bakul jajanan ing lampu abang embong gede. Alan ancen konco ku bakulan wis sui, saben leren mesti omong omongan karo arek e, wis koyok adik kakak ae. Aku mesti crito masalah ku karo Alan, “heh ton, ndengaren kawanen, biasane awakmu teko mesti ndisik i. Apa enek sing mok laleni?”anton takon karo marani aku. “mau aku petuk wong klambi ireng ireng nabrak aku, koran ku morat maret maleh leren njupuk i disik.” ,“Yowis ndang di dol koranmu, selak awan, ojo dipikir nemen-nemen, gak apik.”, Alan ancen entheng tangan, yen dagangane wis entek mesti ngewangi bakul koranku, Alan pancen konco  sing paling apik.

                Aku ngiderne koran ing mobil lan pedah sing mandek ing lampu abang, Anton ngewangi ing perempat an sebrang. Aku isek kepikiran terus yen enek seng lali tak lakoni. Moro moro sak slebet an koyok eruh wong sing gawe klambi ireng sing nabrak aku mau. Tapi tak delok ndek ndi ndi panggah ora enek. ndek sebrang moro-moro krungu suara banter wong numpak sepedah tibo, ora suwi akeh wong sing marani wong tibo iku, tibak e wong e nabrak bakul. Tak pikir-pikir Alan mau ngewangi bakul koran ndek sebrang nggon e wong nabrak mau, ora mikir dowo aku langsung mlayu marani, pikiranku wis ko ndi-ndi. tibak e bener, Alan wis adus getih, aku mung iso nangis,koncoku sing apik an dewe malah ninggalne aku koyo wong tuoku, Aku moro moro gak sadar, kabeh peteng, aku ga iso ndelok opo opo, nanging aku isek mikir Alan.

                Aku sadar, melek alon-alon, aku wis ndek omah, tangi teko kasurku, nanging aku gak sadar opo seng sakdurunge tak lakoni. Ndelok jam isek jam papat isuk. Aku tangi koyok biasane, nanging aku mikir koyo enek sing ngganjel ing pikiranku. Aku wis lali karo opo sing tak pikir mau. wis ora tak pikir jeru, Aku mlayu menyang mushola arep sholat subuh, aku ngroso walang ati, koyok enek sing ngganjelne ati, ngroso gak tenang. Muleh ko mushola aku langsung nyirami kembang ing ngarepan omahku. Sakwis e nyiram i kembang, srengenge wis munggah, aku mulai njupuk koran lan budal adol koran ing embong gede.

                Nanging aku kroso, koyo ana sing aneh. Pas wis metu gang omah, aku petuk wong gawe klambi ireng kabeh. Aku ngroso tau petuk wong iki sebelum e, aku mlayu amergo wedi karo wong iki. Gak kroso moro-moro wong e wsss ning ngarepku. Amargo kaget, aku tibo ing ngarep e wong iku lan koran e kececer-cecer. Wong kui Malah nulungi aku njupuk i koran koran sing kececer, sak slebetan kaya kenal wajah e wong kui nanging amargo ketutup an jaket e dadi gak pati jelas, wong e moro moro omong, “owalah Anton to, ati-ati yen mlayu, koran e maleh morat-maret.” Aku ngroso wong e wis tau omong ngene gonku sakdurunge.

                aku tekan embong gede lan petuk Alan, tapi aku tau ngimpi yen Alan ketabrak motor pas bakul ngewangi aku, tapi aku gak wani crito menyang Alan, aku lego Alan ora popo, Alan tok koncoku seng apik an lan mesti adol kringet karo aku. “kok awan eram, enek opo, opo enek seng mok laleni?” aku yo mikir, apa enek sing tak laleni yo. Nanging atiku wss ngroso ora penak.

 Alan sing dagangane mesti entek disik, niat e ngewangi aku bakul koran. Aku ngroso mimpi iku bakale dadi tenanan, kaya isuk mau aku nabrak wong klambi ireng, iku kaya ngimpi tapi dadi tenanan. aku nyawang ana pedah banter tekan sebrang. Aku wis mikir elek, aku mlayu sak banter banter e. Alan tak tarik teko embong, Alan tibo ing trotoar nanging wong sing numapak sepeda iku panggah banter, ora sadar moro moro aku di terak wong sing numpak pedah iku.

                Aku moro moro tangi ning nduwur kasur ku maneh, tapi aneh e aku sadar opo sing tak lakoni sebelum e. Kok aku gak lecet, padahal mau mari tibo di terak pedah montor. Pikirku kui koyok pertanda yen enek sing tak laleni. Nanging aku lali yen kui wayah e sholat subuh. Aku cepet-cepet menyang masjid lan sholat subuh. Aku kepikiran terus lapo kok mimpi di terak sepedah motor, terus kepikiran karo wong klambi ireng sing nabrak pas budal menyang embong gede. Kaya biasane, yen mulih saka masjid aku mesti nyiram kembang ing ngarep omah. ra enek angin ra enek udan, moro-moro ana barang pecah ing njero omah. Atiku sing wedi nanging pengen eruh, mlaku melbu karo alon-alon. Tibak e kucing ku mecahne foto ing nduwur mejo.

                Aku kelingan, kucingku ogak tak openi, padal iki kucing sing di welas asih i lan di sayang karo ibuk. Aku ngroso nyesel, kucing tinggalane ibuk malah ogak tak urus. Aku kelingan sing tak laleni saiki. Pas ngresik i kaca sing pecah, sing pecah iku foto ne bapak karo ibuk sing nggendong bayiku pas isek cilik. Wong sing klambi ireng ireng pas metu gang omah iku kayane bapakku, mirip karo fotone bapakku iki. Kayane aku di ilingne bapakku yen enek sing tak laleni. aku seneng yen iso petuk bapak, masio ndek njero ngimpi. Aku mikir yen pomo bapak lan ibuk iseh enek. Aku iso urip ayem tentrem karo wong tuo. Tapi saiki sing tak nduwenu cumak kucing iki seng bendino nunggoni aku, lan konco apikku, Alan.


Komentar